Gemblong cah mbeler

Gemblong numpak Eskalator

" Mblong, aku mau kejendelen éng jero lift macet.
" Wah, njók piyé ?
" Nganti patang jam jé.
" Aku yo wés tau
" Kejendelen njeron lift ?
" Óra, aku numpak eskalator macet
" Wah, njók piyé ?
" Aku meneng baé éng kono. Telóng jam.


Ketiban kambél
" Nèk nemoni wong kacilakan, kówé kuðu piyé, Mblong ?
" Nulungi
" Dèk Temu ketiban kambél kok óra tok tulungi ?
" Ajréh
" Weði ? Tetulóng kok weði ?
" Séng nibakké kambél kulo, jé !

Gembèng
" Bopo Guruuuuuuuuu !
" Ono opo ?
" Niko Temu nangés njempléng2
" Wènèhono duwét sèwu mengkó rak meneng. Kaé cah gembèng
" Mboten bakal meneng
" Piyé to ?
" Ha, kecemplóng sumór, jé


Syókór
" Mbok, mbok, aku mau ðitakoni bopo Guru
" Ðitakoni opo ?
" Seðulórku piro ? Tak wangsuli aku anak tunggal
" Wah, bopo Gurumu kebak kawigatèn.
" Néng njór alok, jé ?
" Alok opo ?
" Alhamdulillaaaaaaaaaah.

Gemblong nulungi wong tuwo.
" Omon, nèk ðaði cah enom iku kuðu piyé ?
" Keðah mitulungi éngkang sepuh2.
" Gawénen conto, Mblong
" Rikolo meniko kulo kalian konco2 seðoso cacahipón, nulungi piyayi sepóh
" Nulungi opo ?
" Nyabrang ðalan
" Nèk móng nyabrangké rak kari nggandèng, to ? Kok nðaðak cah sepulóh ?
" Tiyangé mboten purón nyabrang, jé.


Gemblong móngsóh tawon
" Pakdé Kiaiiiiiiiiii ……. hóa ….. hóa …… hóa ……..
" Keno opo Mblong, raimu kok bithu2
" Tawon
" Ðientóp tawon kok nganti biru èbem ?
" Ðèrèng nganti ngentóp tawoné empón ðitamplèk Gemblong
" Généyo ?
" Namplèké nganggé sekop ……. hóa ….. hóa …… hóa ……..


Pitiké Gemblong ðibedog.
" Muuuu, pitékku ilaaaaaaaang …….
" Wah, mengkó gèk ðibedog uwong, yo ?
" Óra ah, pitékku pinter éndo
" Nèk ngono gawé woro-woro
" Piyé carané ?
" Yo ðitulés ono kertas njók ði-tèmplèk2ké tembok, wit2an, lll
" Tulisané nganggo aksoro opo ?
" Nganggo Hiragana, aksoro Jepang

Plak ! Gemblong ðikeplak Temu


" Ngono wé, nesuuuuuu. Aku takon tenan, jé.
" Yo aksoro latin, to.
" Wah, pitékku óra biso moco

Plak ! Gemblong genti ngeplak Temu.

" Sék, sék, sék …… koyo mbiyèn pitékmu tok ajari moco ?
" Ho oh
" Kok óra biso moco ?
" Lha mék tak ajari aksoro Jowo, jé.

Tutuge
 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh