Gemblong maén bedèkan

" Opo sebabé Tukijo yen nonton sorot (filem) mesthi cah 18 ?
" Sebab kanggo 17 keatas

" Apo sebabé angger ono thathit Tukijo mesthi mesam mèsem
" Sebab, rumangsané lagi ðipotret

" Opo sebabé Tukijo óra bisa telpón 911 ?
" Sebab telpune óra ono ongko sewelas !

" Mblong, opo sebabé uðan mesthi soko nduwór ?
" Yèn soko ngisor jenenge air mancur, bódó !

" Numpak motor karó mobil ampóh enði ?
" Numpak mobil, sebab uðan óra kuðanan. Panas óra kepanasen
" Salah ! Numpak motor; sebab uðan óra kepansen, panas óra kuðanan !

" Opo sebabé macan mangan iwak mentah ?
" Óra ðuwé kompor !

" Opo sebabé gedung Bioskop óra klebon banjir ?
" Sebab banjiré óra tuku tiket !

" Opo sebabé motormu mereké Yamaha ?
" Sebab gawéyan Jepang. Yèn gawéyan Arab, mereké Ya Mahmud !

" Opo sebabé Superman rambuté kriténg móng siji ?
" Sebab, yen akèh jenengé Supermie !

" Opo sebabé banyu segoro rasané asin
" Sebab iwaké podo kemringet. Tak oyak2.

" Opo sebabé wong Mexico yèn ngulonðoro ijèn nggowo gitar ?
" Yèn wong Jowo óra biso. Tenèh kemblegan gong.

" Gajah opo séng tlaléné cendak ?
" Gajah pèsèk !

" Opo séng marahi Jakarta kebanjiran ?
" Banyu !

" Opo sebabé iróng ðumunung ono ngarep
" Yèn ðumunung ono nduwór gundulmu, nèk nganggo topi tenèh keplepegen.

" Yèn gajah ðaði piték, séngo ðaði piték, pitiké ðaði opo ?
" Pitike tambah akéh !

" Manók opo séng swiwiné móng siji ?
" Manók nglamar gawéyan
" Lhó, kok ?
" Swiwiné séng siji ngempét map !

" Opo sebabé dokter gigi cangkemé ðitutupi ?
" Yèn matané séng ðitutupi, kléru matamu séng ðibor.

" Opo sebabé yèn ono lampu merah podo mandeg ?
" Ði-rem. Cóbo nék ði-gas, sengoro mandeg

" Yèn aku ulang tahón, sopo séng óra teko ?
" Pitékmu ... sebab wés tak belèh ...

" Opo buktiné yèn wortel murakabi kanggo mataku ?
" Lhó, enði ono kelinci séng pakanané wortel nganggo kaca mata ?

" Opo sebabé yén metu soko Bajay kuðu nganggo sikél kiwo disék ?
" Yèn nganggo endas disék tenéh temungsep !

" Piték opo séng biso ngendog ono petarangan, wit2an, lll ?
" Piték waðon !

" Gajah yèn mabur nganggo opo ?
" Nganggo kangèlan !

" Opo sebabé dokter bedah nganggo saróng tangan ?
" Nèk anuné séng ðisarungi, jenengé KB.

" Kucéng opo séng biso mbaung ?
" Blasteran kucéng karó asu !

" Wit2an iku séng siséh mburi séng enði ?
" Séng peséng !
" Lhó, ?
" Óra ono wong pipis ono ngarep wét, mesthi ono mburi wét.

" Nèk ðitutup malah nginjen néng nèk tutupé ðibukak nesu2. Opo ?
" Wong numpak becak wayah uðan

" Aku ðuwé pisang 10 tok jalók 3, kari piro.
" Tetep 10
" Lhó ?
" Lha kówé cah uthil, jé.

" Trek Trailer karó gróbag bané akéh enði ?
" Trek Trailer
" Salah !
" Gróbag, sebab lagi ngusungi ban.

" Opo séng njabané mulus njeroné kisót2
" Mbahmu numpak Mersi

" Kembang opo séng angger ono wong éng ngisoré mesthi keplepegen.
" Teraté.

" Bekicot karó Klabang Sèwu (kaki seribu) nèk balapan banter enði ?
" Bekicot
" Sebabé ?
" Bekicot wés tekan finish, klabangé róng rampóng ólèhé sepaton

" Opo sebabé tulisan klambiné Superman ‘S’
" Nèk tulisané M utowo L, tenèh kedobrohan

" Opo sebabé bumi tansoyo panas ?
" Saben ðino srengéngéné bukak cabang

" Opo sebabé kaén kafan wernané putéh ?
" Nèk abang, ijo, opo kunéng, tenèh nðarani lagi arep karnadal

" Opo béðané joko thing-thing karó óra joko ?
" Nèk ðuðu joko, wés tau saru karó wong wéðok
" Nèk joko thing-thing ?
" Ðuróng tau

Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh