Babaran nyolowaði

Ésuk2 Ki Gdé Dadûng Ireng nompo tamu, Paiman.

" Ono opo, ono opo Man, kówé kok ndhengarèn ésûk2 mréné.
" Enggîh, kulo wonten perlu
" Perlu opo ?
" Sisihan kulo mèh babaran. Kulo badé tumût nyonggo sakitipûn. Menopo saget ?
" Biso. Aku biso namakké larané bójómu menyang bapakné si jabang bayi.
" Wah, kulo sagah
" Nangîng iki rodho ndhrawasi, jé.
" Ndhrawasi kadhos pundhi ?
" Nèk óra kuwat nyonggo, ciliké kejèt2, gedéné biso nemahi bilahi
" Dhipûn cóbi sakedik2 saget ? 10% rumiyin, lajeng 25% lan sapiturutipón
" Ngono yo prayogo.

Basan wîs tekan titimangsané jabang bayi lahir, Paiman ngadep manèh dhiterké Wakijan, sopiré. Paiman mlebu senthong, Wakijan tunggo njobo ómah. Ki Gdé Dadûng Ireng matak aji.

" Iki, wîs tak tamakké roso larané bójómu 10%, kuwat óra ?
" Kuwawi
" 25% isîh kuat ?
" Taksih
" Wih, ampûh kówé. 50% ?
" Mboten kraos menopo2
" Wé, lha dhalah, dhégdhoyo tenan kówé … iki 75% tampanono ! Piyé ?
" Kulo mboten kodhal babar blas.
" Babo-babo, ….. Tak tamakké 100%, nyoh …. !

Paiman mbokmenowo pancèn dhégdhoyo, kemringet baé óra. Nganti bayiné lahir. Nangîng óra suwé, Paiman bali menèh karó bengak bengok

" Sik, sik, sik, …. Kiané …..
" Ono opo, ono opo Man, ….
" Yèn ngantos bilahi, îngkang kejèt2 kadhos tiyang babaran sinten ?
" Bapakné jabang bayi
"
" Lhó, niku sîng kejèt2 kok Wakijan …. ?

Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh