Sambékolo Tirtogiras

Wayah surûp, Jemuah Kliwon Ki Gdé Dadûng Ireng nompo tamu, Paimo

"Ono opo, ono opo Mo"
"Kulo niki mpûn rabi tigang tahûn, sémah kulo kok tansoyo asrep"
"Ojo kakèhan AC, to …"
"Ah, sampéyan niku, lhó. Bójó kulo nèk dhijak karonsîh kok aras2en"
"Wo, kówé kepîngîn bójómu dhadhi ‘giras’ ngono, po ?"
"Nah, ngoten niku …”

"Iki tak paringi jamu tîrtogiras sak gendól"
"Kasiatipûn nopo ? "
"Sîng ngombé sak sendok tèh bakal giras lan kebelet wong lanang”
"Wah, kulo dhiparingi niku nggîh purûn "
"Jamu iki seko Pasaréan Gondhomolo, akèh sambékalané. Ono sarat2é”
"Menopo kémawon ?"

"Sepisan, iki wewadhimu, ojo nganti bójómu ngerti”
"Kapîng kalihipûn ?"
"Ojo nganti luwîh soko sak sendok tèh. Mundak kegirasen”
"Kapîng tiganipûn ?"
"Kléra kléruné kówé biso keno sambékolo. Ojo sembrono"
"Nggîh, kulo sagah "
"Sîng ati2, yo Mo"
"Nggîh …”

Durûng sesasi Paimo bali menèh karó sesambat
"Wadûh, ketiwasan Ki Gdéééééééé, ….”
"Ono opo, ono opo Mo"
"Wewadhos kadhenangan bójó kulo"
"Wuadûh …. ciloko "
"Sémah kulo tuman tîrtogiras, saben dhinten giras ngantos kulo mboten kuwawi"

"Lha, rak tenan, to …………”
"Malah langkûng sakîng setunggîl sendok, jé”
"Módhiar kówé, …. Wîs tak wanti2, to ?"
"Sakîng girasipûn, saben tiyang jaler dhipûn tubruk. Sakniki glayaran padhos mongso"

"Wéééééîs, wîs, wîs, wîs, …. kapokmu kapan ! "
"Kulo judeg, kadhospundhi supadhos saget ngembari girasipûn sémah kulo"
"Horotoyooooooh ……"

"Tîrtogiras setunggal gendhûl kulo telasaken …”
"Wé lha dhalah, bilahi kówé …. ! Ojo, kesambet sambékolo kówé !"
"Empûn kebacut, kulo sakniki giras sanget, ngantos methentheng "
"Kójûr, keno bebendhu kówé, Mo. tîrtogiras marakké demen wong lanang !"
"Mulakno niku, …. Saged madhosken tiyang jaler nggé kulo mboten ?"

Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh