Sorodadu Nyolowadi

“Ono opo Mo, ono opo kok bekah bekuh sajak mikér abot”
“Enggéh niki empón pinten2 dinten kulo klisikan mboten saget tilem”
“Opo jalarané ?”
“Kulo kedunungan raos salah”
“Sebabé ?”
“Kulo slingkóh ....... “

“Wah ! Slingkóh karo sopo”
“Kaléh sekretaris kulo”
“Yo wés, supoyo tentrem baténmu, ojo nganti slingkóh manèh”
“Lha niku ........ “
“Lho, kok lha niku piyé, to ?”
“Kulo slingkóh maléh”

“Wé lha, karo sopo menèh ?”
“Kalian team basket”
“Wé lhaaaaaaa ....... nèk ngono kuwi kowé kudu njalók pangapuro bojomu”
“Nggéh, dospundi saéné kulo tak manót Ki Gdé”
“Nèk ngono, undangen bojomu”
“Ngestokken dawóh, Ki Gdé”

Liyo dino.

“Ki Gdé nimbali kulo ? Onten nopo ?”
“Hè’èh, aku dipórbowaséso bojomu dikon njalókké pangapuro”
“Lho, bojo kulo salah nopo ? Ngantos sakniki bojo kulo gemati kaléh kulo, kok ?”
“Bojomu slingkóh”
“Ha ? Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “
“Yoh, katogno anggonmu nangés, bèn sudo sangganmu”
“Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “

“Mulo soko kuwi, apuranen bojomu yo nðóóok ..... “
“Uhuk ..... mboten mergo niku kulo keronto-ronto ..... “
“Sebab opo ?”
“Kulo nggéh slingkóh ........ “
“Wé lha ...... karo sopo ?”
“Kaléh tim bal-balan”
“Wé lhaaaaaaaaaa, wah, wah, wah ........ “

“Uhuk .... uhuk .... hu ...... huuuuuuuuu “
“Yoh, yoh, yoh ....... angger ora dibalèni baé yo, nðók”
“Mulakno niku kulo nangés ngguguk sebab mboten móng niku, jé”
“Wé lha dalah. Karo sopo menèh “
“Kalian soroðaðu”
“Tentara ?”

“Enggéh ..... cacahé sak batalyon”

Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh