Ki Gdé Dadûng Ireng Dukûn Usodho

Ki Gdé Dadûng Ireng iku dukûn profesional, ngusadhani wong loro supoyo waluyo. Hanangîng, ono sapérangan pasien2é sîng nylenèh2.

Kélangan duwît

"Wadûh biyóóóóóûng ..... !"
"Ono opo, ono opo ..”
"Niki anak kulo sleledhen ngemplok duwît 50. Nyuwûn usodho"
"Halah, ... kélangan 50 baé owèl. Nyoh, tak wènèhi 100 rupiah kanggo ijol”

Pikiran Saru

"Ono opo ?"
"Pikiran kulo kok namûng saru terûs to, mbok dhipûn usadhani”
Ki Gdé Dadûng Ireng nyuntak mangsi ono kertas dhadhi gambar.
"Iki gambar opo ? "
"Gambar saru"
Ki Gdé Dadûng Ireng nyuntak mangsi manèh
"Nèk iki ... ?"
"Gambar saru"
Ki Gdé Dadûng Ireng nyuntak mangsi manèh
"Iki ... ?"
"Niku nggîh gambar saru !"

"Pisan engkas, iki ... ?"
"Ki Gdé niku pripûn, to ? Angger nggambar kok saru, lhó !"
"Wé lha dhalah, ……"
"Sakjané sîng pikirané saru niku kulo nopo Ki Gdé, to ? "

Vitamin Nyolowadhi

"Ono opo, kang Jo"
"Aku paringono ditamin kanggo putuku”
"Ditamin A, B, opo C"
"Sak karepmu, wong putuku dhurûng bisa moco abjad”

Kupîng abûh Nyolowadhi
"Keno opo kupîngmu ?"
"Pas setriko, Paiman telpûn. Rekané mendet telpûn klèntu setrikan !"
"Lha, sîng siji kok yo abing ?"
"Lha niku, Paiman pancen trèmbèlanipûn "
"Piyé, to ?"
".... telpûn malîh ..”

Njedir Nyolowadhi

"Ono opo ?"
"Niki, lambé kulo njedir. Nyuwûn usodho"
"Keno opo ?"
"Lemót"
"Lemuté ma-èwu2 ? Opo lemuté gedéné sak kucîng2"
"Mboten, lemutipûn namûng setunggal lan alit"
"Cóbo rekonstruksi, piyé lemuté kok marahi njedir"
..............................
..............................
"Pripûn ?"
"Nèk nyablèk lemût ojo nganggo gandèn"

Wewadhi panjang yóswo
"Monggo, kadhingarèn ono piyayi sepûh rawûh. Ngersakken menopo"
"Kulo kepîngîn panjang yóswo"
"Panjenengan remen minum2, njîh ?"
"Mboten"
"Remen madat, ngrokok utawi narkoba ?"
"Mboten"
"Madhon ?"
"Mboten"

"Nèk maîn ?"
"Mboten"
"Dahar2, bujono ondhrowino ?"
"Mboten"
"Plesér2, poya2, hura2 ?"
"Mboten"
"Lha, panjang yóswo kanggé nopo ?"

Dayohé dukûn Ki Gdé Dadûng Ireng lagi antri sinambi guneman
"Yóswanipûn pinten ?"
"Kawandhoso"
"Wah, kok kadhos taksîh ABG, wewadhosipûn menopo, njîh ?"
"Enjîng ma’em sayûr, "
"Siang ?"
"Sayór"
"Dhalu ?"
"Sayór"

"Yuswanipûn pinten ?"
"Sewidhak”
"Wah, kadhosipûn taksîh kawandhosonan, wewadhosipûn menopo, njîh ?"

"Siang ?"
"Woh2an"
"Dhalu ?"
"Woh2an"

K mbatîn – wah mbah Mo kaé katoné yóswané wólûng puluhan. Piro umûr tenané ?

"Daharanipûn menopo, mbah Mo ?"
"Esûk sarapan wong wadhon, "
"Siang ?"
"Awan nyamiki wong wadhon, "
"Dhalu ?"
"Bengi mamah wong wadhon”
"Wadûh ! Lajeng yóswanipûn sameniko pinten ? Satûs ?"
"Patangpulûh "

Buntût Kucîng Nyolowadhi

"Ono opo ?"
"Niki bójó kulo kejèt2 ngèten niki pripón"
"Keno opo ?"
"Midhak buntût Kucing"
"Kucîng galak gedéné sak macan ?"
"Mboten"
"Cóbo, tak dhelengé"
..............................
..............................
"Pripûn ?"
"Nèk lagi dhandhan2 setrum ojo nganti midhak buntût Kucing”


Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh