Playboyo keno memolo

Ki Gdé Dadûng Ireng dukûn dhîgdhoyo

Ki Gdé Dadûng Ireng kesuwûr dhadhi paranormal dhîgdhoyo jalaran dhuwé akses menyang kasetran Gondhomolo, padhunungané Tumenggûng Gondhomolo, agul2é Kanjeng nyai Roro Kidhûl. Hanangîng, kasetran Gondhomolo iku wingît lan gawat ke-liwat2, mèh sakabèhîng pasien malah keno memolo.

Playboyo keno memolo

Céthûl munduk2 ngadep Ki Gdé Dadûng Ireng.
"Ono opo lé, ono opo ?"
"Kulo kepîngîn dhadhos playboyo"
"Ah, dhuwé kekarepan kok aîng2 to lé, … mbok liyané baé "
"Nèk mboten dhituruti kulo sudûk saliro, lhó …”
"Yoh, tak turuti karepmu. Jarwanè dhadhi playboyo iku kepriyè ?"
"Kulo dhi jompa-jampi supadhos bagûs kadhos Radhèn Harjuno lan pawakanipûn kadhos Radhèn Brotoséno”
"Yoh, tak sembadhani penjalókmu. Sak gendîng mu, wîs … "
"Matûr nuwûn. nangîng nyuwûn setunggal malih"
"Opo manèh ?"
"Supadhos kanu’ kulo sami kalian gadahané turonggo … ageng sanget … "
"Wé lha dhalah, … kelakon penggayóhmu nggîr !"

Ki Gdé Dadûng Ireng matak aji, mujo semedhi ngobong menyan karó komat kamît. Céthûl dhijanjèni yèn gegayuhané bakal kaleksanan seminggu manèh. Sakwése seminggu Céthûl bali ngadep Ki Gdé Dadûng Ireng karó tetangisan ngaru-oro

"Hóa …. hóa …. hóa …"
"Ono opo lé, kok tetangisan ono opo ?"
"Kulo empûn kapok kiané, … empûn kapok … hóa …. hóa …. hóa …"
"Cuuuuup, menengo cah bagûs …. Ono opo ?"
"Hóa …. hóa …. hóa …"
"Lha wîs keturutan penjalókmu, to. Rupamu dhadhi bagûs lan dhedhegmu prakoso”
"Anu kulo …. … hóa …. hóa …. hóa …"
"Keno opo ? Kegedèn ? Jaréné kepîngîn gedè koyo jaran "
"Enggîh, niki kok kadhos gadahané jaran wadhon … … hóa …. hóa …. hóa …"

Tutuge

No comments:

 

Friends

About Us

Sarwo Nyolowadhi Copyright © 2009 BeepTheGeek is Designed by Gaganpreet Singh